Tembang Macapat

Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV.Pupuh Pocung mujudake pupuh kang kaping telu,isine 15 pada.

pocung

Ngelmu iku,kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani,
Setya budya pangekese dur angkara.

Tegese

Ilmu niku,saged di capai saking niat ati
Di wiwiti kanthi ikhlas nyantosaning urip
Saged ngasorake tindak angkara.

Paugeran Pupuh Pocung wonten:


  • Guru gatra: 4
  • Guru lagu: u,a,i,a
  • Guru wilangan: 12,6,8,12

Tembang Pocung paugeran ukara bebas:

Supaya kukuh budaya kudu utuh
Utuh lan ngrembaka
Budaya di uri-uri
Ben ora katindih budayane manca.


Sumber: Gegara Nyinau bahasa jawa 2



Komentar

Posting Komentar